Iklan Saya

Rabu, 11 Maret 2015

Bijak Jawa

Wong wadhon yen mug ngandalek rupane sing ayu nasibe bakal koyo bal.

Iseh enom kinyis-kinyis bokonge cemeblek, lambene cemongkot, lan awake cemekel… Kwi nasibe koyo Bola saduk ning lapangam kae, bal siji di enggo rebutan wong 20, sak apes-apese iseh ono kiper 2 sing siap nampani, sing ngenteni pemain cadangan lunggu ning kursi isap ganteni.

Bareng umure tambah tuo sitik wis ketok njaluk dirabeni ora pingin di godani tok opo maneh mung dolanan, nasibe koyo bal voly… Di enggo uncal-ucalan wong 12 rono rene mung pingin nyemes lan nyekel ora ono sik gelem nampani kejobo wong liyo ning njobo lapangan sing ora ngarepi.

Yen klewat umure soyo ilang cahyane kari kisut kulite lan bentuke wis ora karuan , Mung koyo kok bol badminton, mung di enggo uncalan lan di umbul-umbulne wong 2 akeh-akehe wong papat, di tampleki rono rene, ngarepe di tampani malah mung di cemes sak kenceng-kencenge, rak nelongso kwi.

Tambah tuwek rupo ayu kari sejarara, awak sexy kari jarene, sopo wae wis ora ngarep ngemati opo maneh ngerumati, dadi koyo bal golf kae, tiwas ono sing nyedaki, Di jupuk di toto banjur di di geebuk sak kayange buang sing adoh leboke bolongan cili, klewat sitik wae di gebuk maneh…

Mangkane poro wanito ojo mung ngandalke rupo sing ora sepiro suwene kwi, ning jogo lan rumat trisnane kanthi tulus atimu sopo wae sing gelem nampa awakmu opo ananeh.

Dadio wanito sik gemati lan trisnane sing sejati, sebab gusti mung paring rupo ayu ora selawase, mung iklan sak klebatan , Dadi bola Bekel, ben rupane elek lemu ginuk- ginuk kulite ireng mambu maneh, di pentul-pentulke nanging tetep dicekel ora bakal di colke selawase…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar